*tanda salib sik ben ra nambah duso karo ora dikepruki romo* ameeeeeeeeeen
Aku to mbayangke nek Tuhan ketemu EDP (patah hati) bakal koyok opo ya? Mungkin malah koyok ngene:
bangSAT: “Tuhan, saiki kan uwis jamane blekberi. Aku to pengen nawani cara mangtab untuk berhubungan dengan Tuhan ketimbang lewat cara konvensional lewat doa ngunu. Kan dong-dong marake uwong lali nek rak jadi keset barang 5 menit ae nggo doa. Tapikan nek wis nyekel blekberi kan ra bakal lali.”
Tuhan: “Wogh bangSAT idemu meskipun ndeso tur kamso tapi brilian! Ngga percuma kamu jadi EDP Nusantara Sakti, sesuk gajimu ta unggahke 10 kali lipat! Oke kembali ke penawaranmu to, iku mbok jenengi opo penawaranmu iku? Ketoke apik! Eh bangSAT koe ki sakjane EDP opo Marketing to? Aku jelaske sik produkmu iku!”
bangSAT: “Oke jadi gini aku to nyurvei sik to, akhir-akhir iki uwong piro sing berdoa? Maksutku sing doane isine ngucapin sukur piro? Sing njaluk dosa ne diampuni piro? Sing njaluk entuk kerjo piro? Sing riwil ae piro? Sing patah hati piro? *ehm*”
Tuhan: “Sik sik ta bukake daftar absen ku. Akhir-akhir iki to sing moro nang grejo ki makin sitik, ketoke sing berdoa emang menurun je. Sing riwil ae njaluk ini itu akih sak ndayak koplak la padahal sing bersukur mung sak pretil tok. Koe barang ki termasuk sing riwil! *ehm*”
bangSAT: “Ehm… yo kui masalahe Tuhan. La uwong ki nek berdoa to, wis ra entuk reply ujug-ujug wis kejadian, dong-dong ya sui le njawab, la mulakno akeh sing riwil, aku barang! Kan awake menungso ki kan wis ngalahi apapun keputusan Mu ra entuk protes, kudu di lakoni kepiye pun proses e mboh pait po kepenak… yo minimal awake dewe ki yo pengen ngerti iki ujung-ujunge peye? Ato setidaknya nek awake menungso nuwun ki yo di reply ‘Wokeh’ opo ‘Ogyah’ ngono lo”
Tuhan: “Yo wis yo wis, ide mu sido ne peye?”
bangSAT: “Aku to arep nawani SMS server kanggo njenengan. Jadi to iki server e nggo nampung request, keluhan, sampe ucapan sukur seko menungso cukup dengan mengirimkan SMS ke nomer 1234 ngono, la njur Tuhan kan simpel kari reply ‘Kamsia bos’ ‘Wokeh’ opo ‘Ogyah’… wis ngono thok… la nek ngono kan menungso langsung marem, ra bakal ono sing protes koyok ‘kerja Tuhan terlalu lambat’, ato ‘Tuhan tidak mendengarkan doa saya’ ato ‘Tuhan mengacuhkan saya’…”
Tuhan: “Hmm bener juga ya? Trus trus peye?”
bangSAT: “Yo mesti, jadi to ngko bakal di support karo provder telekomunikasi macam Telkomsel po Indosat, njur akeh fasilitas sing menarik ngono, misale enek fasilitas filtering e… jadine nek doa ne ra mutu otomatis mlebu folder junk, bisa ignore menungso nek emang uwis njelehi banget, Tuhan yo iso update status san misale ‘Doa ne bangSAT udah kejawab! jadi ra sah riwil!’ ngono ato otomatis ngitung poin kanggo setiap 100 sms ucapan sukur, dan smacamnya lah. Peye apik ra’?”
Tuhan: “Hangsyem! Apik tenan ikih! Yo wis deal! aku install ke yo! Jadi aku kudu mbayar piro iki?”
bangSAT: “Nek mbayar ga usah, tenang aja… aku mung minta satu hal tok kok”
Tuhan: “Oke oke! Opo?”
bangSAT: “Supaya aku ga patah hati lagi”
Tuhan: “Terlalu cepat 100 tahun untuk mu nak…”
*Tuhan has sign out*
bangSAT: “Oeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeeh!!!!!”